Thursday, May 21, 2015

Kunci UN Bahasa Jawa Kelas 6 SD Semester 2 TA 2014/2015

Posted by Blogger Name. Category: , , , ,

Nandur Palawijo
            Nalika sasi Agustus para Among tani bubar panen gadhu. Sawahe pak Hasan klebu sawah tadhah udan. Dadi Manawa wis bubar sasi Agustus ora bakal oleh oncoran banyu maneh. Olehe banyu mung saka banyu udan. Mula iku sawah tadhah udan yen wis bubar panen gadhu banjur ditanduri palawija. Tanduran palawija iku jenise werna-werna kayata jagung, pohung, tela, kacang ijo lan kedhele. Tanduran kedhele kira-kira 90 dina.
…………………………………………………………………………….
Kapetik saka : Buku Wursita basa 6 hal 9
I.         Wenehana tanda ping (x) aksara a, b, c, dan d ing sangarepe pratelan kang bener.
1.         Pak Hasan panen gadhu ana ing sasi …
a.       Juni
b.      Juli
c.       Agustus
d.      September
2.         Bubar panen gadhu pak Hasan nandur …
a.       palawija
b.      pala pendhem
c.       pala gumantung
d.      pala kasimpar
3.         Umur kedhele kang wis bisa dipanen yaiku …
a.       80 dina
b.      90 dina
c.       100 dina
d.      110 dina
4.         Ing ngisor iki dudu paedahe wadhuk …
a.       tandhon banyu
b.      ngoncori sawah
c.       PLTA
d.      gawe rugi
5.         Kang kalebu dasanamane toya yaiku …
a.       warih, banyu
b.      maruta, angin
c.       siti, bantala
d.      bumi, bawana
6.         Pari iku sing ditanduri …
a.       domine
b.      berase
c.       gabahe
d.      katule
7.         Kedhele iku bahan baku …
a.       sega
b.      tahu
c.       roti
d.      tape
8.         pari sing umure cendhak diarani …
a.       pari gaga
b.      pari jero
c.       pari genjah
d.      pari wulu
9.         Wosing alinea diarani …
a.       pikiran baku
b.      irah-irahan
c.       judhul
d.      alinea
10.     Emi       dhuwit ibu sepuluh ewu rupiah.
a.       dicaosi
b.      disukani
c.       diparingi
d.      diwenehi
11.     Bapak       rapat ana       pak Budi.
a.       diaturi, daleme
b.      diundang, daleme
c.       diundang, omahe
d.      diaturi, omahe
12.     Durung kabeh desa          listrik.
a.       cukup butuh
b.      kecukupan, kebutuhan
c.       kecukupan, mbutuhake
d.      sacukupe butuhe
13.     Kutha Ponorogo kondhang reyoge. Ukara iku wangsulan saka pitakon …
a.       Wong ngendi sing dadi reyog Ponorogo?
b.      Apa ana reyog ing Ponorogo?
c.       Kutha ngendi sing kondhang reyoge?
d.      Saka ngendi reyog Ponorogo iku?
14.      
Tulisan Jawa iku diwaca …
a.       Dadi murid manut guru.
b.      Dadi murid kudu manut guru.
c.       Dadi murid wegah sinau.
d.      Dadi murid kudu wani.
15.     Bawa bocah sregep sinau. Kosok baline sregep …
a.       karep
b.      kasep
c.       kasap
d.      kesed
16.     Kembang krambil iku aran …
a.       manggar
b.      mayang
c.       menik
d.      menthik
17.     Pak guru saweg nulis wonten papan tulis. Tembung nulis sing bener …
a.       nganggit
b.      ngagem
c.       ngasto
d.      nyerat
18.                                                                                                                                                                          Text Box: 4Text Box: 3Text Box: 2Text Box: 1Gambar wayang sing nomor loro yaiku
a.              Werkudara
b.             Harjuna
c.              Nakula
d.             Sadewa
19.     Panyandra kanggo tangan kang apik yaiku …
a.       ndamar kanginan
b.      manggis karengat
c.       nggendewa pinentang
d.      nggula satemlik
20.     Pandhawa iku ana sing kembar, aran …
a.       Harjuna, Janaka
b.      Nakula, Sadewa
c.       Werkudara, Sadewa
d.      Werkudara, Nakula 
21.     Ukara kang nggunakake ngoko alus, yaiku …
a.       Aku ora sida tindak nggone panjengan
b.      Dhik kowe sida lunga apa ora?
c.       Aku mengko sida ngampil buku panjenengan, mbak.
d.      Mbak kowe arep lunga menyang ngendi?
22.     Raden Gathutkaca kuwi putrane raden …
a.       Puntadewa
b.      Janaka
c.       Nakula
d.      Werkudara
23.                                                                                                                           Ukara kang trep karo gambar ing kiwa iki, yaiku …
a.       Bocah-bocah kelas enam lagi padha olahraga ing plataran sekolah
b.      Bocah-bocah lagi gugur gunung nandur kembang
c.       Bocah-bocah lagi padha geguyonan ana sing latar
d.      Bocah-bocah lagi padha upacara ana ing latar
24.     Panulise jawa numpak jaran yaiku …
a.        
b.       
c.        
d.       
25.     Bapak : “Tar, yen arep lunga pamitan ibu lan ngati-ati!”
Ukara sing diucapake bapak klebu …
a.       pakon
b.      pitakon
c.       piweling
d.      prentah
II.      Ceceg-ceceg ing ngisor iki isenana nganggo tembung kang trep!
1.         Johan didukani gurune amarga dheweke clemer.
Clemer tegese …
2.         Mbah mangga nedhi rumiyin!
Tembung nedhi ora trep, benere …
3.         Kulahe wis kebak          aja ditambahi bae.
Tembung kang trep kanggo ngisi ukara ing nduwur yaiku …
4.          
Sandangan aksara jawa iku diarani …
5.         Perangane layang iku, pambuka, surasa basa lan …
6.         Krama inggile Wis suwe bapak nunggu aku, yaiku …
7.         Pak Karto yuswa 60 tahun. Bapak yuswa 50 tahun.
Pak Karto langkung             tinimbang bapak.
8.         Prakawis alit wusananipun dados ageng.
Bebasan ingkang trep kangge ukara ing nginggil, kriwikan dadi …
9.         Ibu mundhut roti. Ukara iku yen didadekake uka tanggap dadi, Roti                 ibu.
10.     Debog iku wit gedhang, pucang iku wit …
III.   Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki nganggo wangsulan kang bener!
1.         Aranana tandhuran pala gumantung 3 bae!
2.         Manuk mabur ngalor. Tulisen nganggo aksara jawa!
3.         Aranana bagian-bagian pidato!
4.         Punakawan iku ana papat. Aranana sapa bae!
5.                                                                                                       Critakno gambar ing sisih kiwa nganggo patang ukara!
KUNCI JAWABAN
BAHASA JAWA UTS I KELAS VI
TAHUN AJARAN 2014/2015
I
1.      c
2.      a
3.      b
4.      d
5.      a
6.      c
7.      b
8.      c
9.      a
10.  c
11.  b
12.  b
13.  c
14.  a
15.  d
16.  a
17.  d
18.  a
19.  c
20.  b
21.  c
22.  d
23.  a
24.  b
25.  c
II
1.      seneng colong jupuk
2.      dhahar
3.      mencep-mencep
4.      taling tarung
5.      wasana basa
6.      sampun dangu bapak nengga kulo
7.      sepuh
8.      grojogan
9.      dipundhut
10.  jambe
III
1.      timun, blestru, markisah
2.       
3.      pambuka, isi, lan panutup
4.      semar, bagong, gareng, petruk
5.      Bocah-bocah lagi kerja bakti
Ana sing nyapu, ana sing ………………

0 comments:

Post a Comment

◄ Posting Baru Posting Lama ►
 

Wong Ndelok

Blog Archive